30 April 2009

artikel bahasa jawa

Diposting oleh Unknown di 4/30/2009 12:07:00 PM

Markisa

Buah sing akeh di tandur ning luar jawa lan biasa digawe sirup yaiku markisa. Markisa nduweni kandungan gizi sing luar biasa, kira-kira gizine 48% saka bobote who. Markisa ngandhut vitamin C lan vitamin A akeh banget. Saben daginge markisa 100 gram ngandhut vitamin A 2,410 IU, vitamin C 18,2 mg, kalsium 4 mg, kalium 278 mg, natrium 6 mg, folat 8 mkg, magnesium 17 mg, fosfor 25 mg, karbohidrat 14.45 gram, besi 0,36 mg, niasin 2,24 mg. mula becik banget kanggo nangkal penyakit, malah kena kanggo nyegah kanker. Markisa uga sugih betakarotin yaiku zat sing bisa lumawan racun lan pengaruh ala saka njaba. Niasin sing ana markisa bias ngayomi awak saka serangan kanker.

Miturut panalitine ahli ing Institut Pertanian Bogor, markisa uga becik kanggo kasulislyan. Ekstrak minyak sing dijupuk saka isine markisa bias digawe kosmetik kanggo ngilangi kisut-kisut ing pasuryan. Markisa uga kena kanggo nyadhet tumangkare sel-sel kanker. Merga kandhungane vitamin A, C lan mineral sisdhuwur markisa bias jaga stamina awak, nyehatake awak ringkih sebab mentas lara, nglancarne wetune ASI. Markisa uga becik kanggo wong sing loro asma merga ngandhut agen antiinfalmasi. Senajan during ana bukti ilmiah nanging nyatane suku Indian migunakake markisa kanggo obat radang tenggorokan lan amandel.

Para ahli obat-obatan ing Universitas Florida mratelake yang markisa ngandhut scopeletin, theobromise, karefonoid, polifenol, saponin, passiflorin, insovitexin, apa wae kegunaane?

* Scopeletin : ngambakake pembuluh darah sing ciut merga lemak sing meneb ing dinding pembuluh darah. Bisa nguranggi darah tinggi, ngudhukakae panas, antiradang, lan anti alergi

* Theobromise : obat penenag, ngleremake watuk

* Karefonoid lan polifenol : minangka anti kanker, mateni sel-sel kanker

* Saponin : nyadhet thukul kanker lan tumor ing usus besar lan ngandeloni kadar kolertrol ing awak

* Passiflorin : nentremake urat saraf, mula bias marakake turu angkler. Becik kanggo wong insomia lan depresi.

* Insovitexin : minangka obat anti panas(anti pirektik), ngilangi rasa lara(aralgesik)

Markisa ana loro jenise, yaiku sing kulite wernane kuning lan wungu.

Wungu : luwih akeh kadhar vitamin A lan vitamin C

Kuning : luwih kecut, mulane akeh digawe sirup

Supaya oleh vitamin sing maksimal markisa diunduh yen uwis tuwa tenan.

0 komentar:

Posting Komentar

 

Ivadhatulrisma's blog